EXO BTS GOT7 VIXX GD TAEYANG BTOB SUPER JUNIOR BIG BANG SHINEE INFINITE CNBLUE 2PM 2AM BIG BYUNG B1A4 FTISLAND WINNER BEAST CROSSGENE JJCC U-KISS TEENTOP NUEST BOYFRIEND MBLAQ B.A.P

Jumat, 23 Januari 2015

KANCIL KARO KETEK

Kancil Karo Ketek            

Ing sawijine dina ing rimba, ana akeh jenise kewan sing urip tentrem lan akur siji lan sijine. Kabeh kewan nduweni keuripan lah lakune dewe-dewe. Nanging ana siji kewan sing anane gawe drusila lan paling licik, arane Kancil. Kelicikane utek lan pintere ngomong nipu kanca batir. Kancil wis dikenal kaya dene kewan sing duweni sayuto tipu daya. Nah iki sing dadi sasarane ketek.

Ing sawijining dina, ana ketek lagi penekan ing ngisor wit pring. Singsot, ndendang karo ngrasani roti. Kancil teka, weruh ketek sing agi asik karo rotine. Utek licike muncul pingin jukut roti kang tangane ketek.

"Tek..Tek..," undnag Kancil marang ketek.
Ketek maringi Kancil, "Ana apa Cil? Koe ngundang aku?," takon ketek.
Kancil : "Tek.. aku wei setitik rotine, setitik baen aja akeh-akeh," jaluke Kancil
Ketek : "Iya.. aku kan apikan, kiye separoan karo aku,"
Kancil : "Suwun ya Nyet... koe mancen apikan, nanging aku baen sing maro," jaluke Kancil.


Ketek aweh roti nggo diparo maring Kancil ora nduweni rasa curiga karo Kancil. "Kiye... koe paro sing adil," penjalukane ketek karo aweh rotine marang kancil.
Kancil maro rotine karo utek licike, siji gede siji cilik, nanging Monyet ora ngerti. Sawise Diparo Kancil aweh bagean sing cilik maring ketek, bagian sing gede dicekel dewek.
"Cil... nang ngapa ka gede gone ko?," takon ketek.
Kancil : "Mrene gawa mrene, tak gawe pada.," banjur Kacil mangan setitik rotine sing gecel dewek, "Iki wis pada," Kancil aweh rotine meng ketek.
Ketek : "urung Cil!! kue esih gede gone aku,"

Kancil njiot roti sing nang tangane Ketek, banjur dipangan setitik, kaya kue seteruse kanti rotine entek dipangan Kancil. Akhire Kancil mangan rotine kabeh, ketek ulih kesuh karo Kancil wong ketek sing duweni roti malah ora tampa. Mancen Kancil licik ora patut ditiru, urip nang masyarakat kue kudu brayan urip lan sinambi rewang siji lan siji liane. Urip bakal rukun ora kaya jaman saiki urip pada karepe dewek-dewek.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar